Minggu, 14 Februari 2016

KIDUNG RUMEKSA ING WENGI

Ana kidung rumeksa ing wengi
Teguh hayu luputa ing Lelara
Luputa bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunaning wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan wani ngarah mrenani
Guna duduk podo sirna


Sekabehing lara pan samya bali

kehing omo pan sami miruda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibaning wesi
Sakehing wisa tawa
Sato galak lulut
Kayu aeng lemah sangar
Sanging landhak guwaning wong lemah miring
Myang pakiponing merak

Pagupaning warak sakalir
Nadyan arka myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Pan sarira ayu
Ing wideran mering widodari
Rineksa malaekat
Sakathahing Rasul
Pan dadi sarira Tunggal
Ati Adam Utekku Baginda Esis
Pangucapku ya Musa


Napasku ingsun nabi isa linuwih
Nabi Yakup Pamiyarsaning wang
Yusup ing rupaku mangke
Nabi Dawud Suwaraku
Hiyang Suleman kasekten mami
Ibrahim nyawaning wang
Idris ing Rambutku
Baginda Ali kuliting wang
Abubakar getih
Daging Umar singgih
Balung baginda usman

Sungsum ingsun Fatimah linuwih
Siti Aminah Bayuning Angga
Ayup ing Ususku mangke
Nabi Nuh ing Jejantung
Nabi Yunus ing Otot mami
Netraku hya Muhammad
Panduluku Rasul
Pinayungan Adam sarak
Sampun pepak sakatahe para Nabi

dadiya sarira Tunggal.

Wiji sawiji mulane dadi
Apan apencar sak indenging jagad
Kasamadan dening Dzate
Kang maca kang angrungu
Kang anurat kang anyimpeni
Dadi ayuning badan
Kinarya sesembur
Yen winacakna toya

Tidak ada komentar: